Sabtu, 26 April 2014

Pidato Bahasa Jawa Hari Kemerdekaan

    ASSALAMUALAIKUM. Wr.Wb
     
    Nuwun, para sesepuh para pinisepuh...., para warga mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

    Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wekdal menika kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.

    Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping..... Tanggal 17 Agustus tahun..... keparenga badhe matur wonten ngarsanipun panjenegan sedaya.

    Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan penegetan Kamardikan kita ingkang kaping .......tanggal 17 Agustus tahun.....

    Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga Dhusun..... ing mriki, awit panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan, dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara pentas seni pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika.

    Boten kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing kampung ........mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti, makarya sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas ingkang dados hiburan tumrapa para warga sedaya.

    Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kados sampun  kawuningan bilih rikala tanggal 17  Agustus 1945. Bangsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi kamardikan Bangsa Indonesia ingkang saderengipun sinartan pangorbanan wutahing rah saha musnaning bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh bilih kita pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti, pramila kita ing siang wau sami ngawontanaken upacara. Kita sedaya ngawontenaken pentas seni menika saged ugi kalebet rerengkening acara 17 Agustus. Minangka pratandha raos syukur lan hiburan dhateng para warga, ing dinten ingkang mulya menika.

    Sumangga para tamu sedaya, kita priksani putra-putri kita ingkang badhe nggelar kawasisan lan kreatifitasipun. Sugeng mrikasani nganti paripurnaning acara. Ingkang pungkasan, kula minangka sesepuh panitia menawi wonten kekirangan utawi wonten bab ingkang kirang mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. Jenang sela, wader kali sesonderan. Nuwun

Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah

Asslamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan.

Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar.

Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.

Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.

Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.

Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah. 

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa Bahaya Narkoba Bagi Remaja

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.
Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Primbon Jodoh